Salah satunggaling solah budi pekerti ingkang luhur inggih punika kita
kedah nggadahi andhap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun
unggah ungguh murid kaliyan Bapak saha Ibu guru. Ugi unggah ungguh dumateng
tiyang sepuh kekalih, tetanggi, lan sedaya tiyang sanes. Mboten kesupen kaliyan
para mitrasaha rencang.
Sakpunika sampun kathah piyantun nem ingkang sami mboten nerapaken sopan santun, tata
karma ugi unggah-ungguh. Menapa samenika sampun
sami remen ninggalaken dumateng kabudayan? Menapa jalaran samenika sampun luntur kabudayan sawau? Mliginipun kabudayan Jawa, senajan awit sekedhik mbaka sekedhik.
sami remen ninggalaken dumateng kabudayan? Menapa jalaran samenika sampun luntur kabudayan sawau? Mliginipun kabudayan Jawa, senajan awit sekedhik mbaka sekedhik.
Kanthi lumampahipun wakdal lan jaman, mesthi wonten ewah gingsiripun
kahanan, jalaran tuwuh kawontenan enggal utawi majunipun teknologi ingkang nuwuhaken ewah-ewahan.
Punapa menika ewah-ewahan sikap, punapa tindak tanduk. Kawontenan punika
nyebabaken ewah-ewahan ugi, utamanipun Basa Jawi. Samenika kathah tiyang Jawi ingkang mboten purun ngagem basa Jawi
maleh sanajan asalipun saking Surakarta utawi
Ngayojakarta. Kawontenan punika nyebabaken basa Jawi ewah gingsir, saget-saget
ical kados basa Jawi kuna ingkang jaman samenika sampun mboten sami mangertos.
Wanci punika, Sampun kathah sanget tuladha ingkang mirisaken wonten manah
kita sekalian. Kathah piyantun ingkang ngaku Jawi anamung
tumindakipun tebih sanget saking punapa ingkang dados cirikhasipun piyantun Jawi.
Unggah-ungguh, andhap asor, hormat dumateng piyantun ingkang langkung sepuh,
tansah sayang dumateng piyantun ingkang langkung nem, gotong royong, tulung
tinulung, lan sanesipun, sampun saget dipunsebat “ical” saking bumi Jawa ingkang kita sedaya tansah bangga’aken.
Piyantun nem sapunika, sampun saget dipunetang ingkang teksih matur mawi basa
ingkang sae. Ingkang kathah piyantun nem sampun boten saget matur mawi basa krama.
Sinten ingkang salah? Kita boten saget nyalahaken sinten-sinten. Punawi kita
purun nggatekaken punapa ingkang kedadosan wonten masyarakat, sapunika basa
ingkang dipun ajaraken milai saking playgroup dumugi SD inggih punika bahasa
Indonesia. Kathah sanget lare alit ingkang boten saget matur mawi basa krama
inggil. Lintunipun ingkang sapunika kedadosan, kathah basa kuwalik. Tuladhanipun
kados punika, “dalem badhe dhahar, kulo kundur dhisek,” lan sanes sanesipun.
Icalipun utawi lunturipun utawi gripisipun sopan-santun, tata karma ugi
unggah-ungguh saget ugi kasebabaken
saking daya pengaruhipun kabudayan sanes. Sampun milai kathah piyantun nem
ingkang sami kapilut dening kabudayanipun
bangsa sanes. Ugi sampun milai mentala ninggalaken glanggang sumeleh glethak dumateng
kabudayanipun piyambak. Mliginipun kabudayan sanes ingkang kirang trep dumateng
sipat-sipatipun piyambak, bangsanipun piyambak kedah kita bucal boten kita
tuladhani.
Saking tulisan ing inggil saged kita simpulaken bilih sapunika budi
pekerti ingkang dados cirikhas piyantun Jawi sampun mulai dipun tinggalaken
dening generasi mudha. Awit saking punika kagem benahaken kawontenan ingkang
sampun mekaten dipun betahaken kasadaran saking kita sedaya, utaminipun
generasi mudha kedah purun sinau tata karma, ungah- ungguh dumateng para guru
ing sekolah.
No comments:
Post a Comment