Geguritan
Pageblug Corona
Dina Iki akeh kang padha njerit
Ora bisa sekolah kanggo para murid
Ora bisa dodolan apamaneh oleh duwit
Usaha apa wae saiki tansaya sulit
Amergo anane corona utowo covid
Kabeh jalma rumangsa gedhe kuwatir
Manawa Corona bakal moro utawa mampir
Yo mung rasa wedi kang tansah ana pikir
Yen terus-terusan marahi dadi kenthir
Corona pancen medeni
Corona pancen nggegirisi
Corora akeh nggawe pepati
Corona uga nggawe lali marang Gusti
Nganti kapan bakal bali kaya sadiya kala
Nganti kapan bakal pedhot tumangkare memala
Nganti kapan ilang rasa kinunjara
Nganti kapan Corona bakal sirna
Kabeh mung gumantung polahe manungsa
Mangga sedaya njagi kesehatan sami
Sami miturut aturan pamerintah paringi
Tansah eling Gusti panguwasa kang sejati
Asring dedonga Mugi-mugi...,..
Kahanan enggal pulih kados wingi
(Af.Upik)
#masihpandemi #newnormal #pantun #pantunnewnormal #pandemi #pantunpandemi #covid #pantuncovid
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment