BAYU PINGGIR
PESISIR
sumiliring bayu ing pinggir pesisir
sumiliring bayu ing pinggir pesisir
sumrambah
tentrem ing pikir
sumiliring bayu antaraning wit klapa
nambai kalbu tansaya lega
sumiliring bayu antaraning wit klapa
nambai kalbu tansaya lega
gumebyur
swaraning ombak
datan
kendhat kapiyarsa
dene
surya katingal abang mbranang
semburat
kados warnaning agni
ndadosaken lenanipun jalmi ingkang ningali
ndadosaken lenanipun jalmi ingkang ningali
sumiliring
bayu ing pinggir pesisir
anggawa
layangan mabur tansaya dhuwur
kados anggawa angen-angenku ing gegana
ndherek anggayuh kartika ing tawang
kados anggawa angen-angenku ing gegana
ndherek anggayuh kartika ing tawang
tumuju gegayuhan
ingkang paramarta
(kaserat
deneng : Af Upik)
No comments:
Post a Comment